AJA NGINGU JARAN DAWUK
Kanca-kanca….
Jaman
ndisit ana Kabupaten sing jenenge Wirasaba . Kadipaten Wirasaba dipimpin nang
bupati sing jenenge Adipati Wirasaba. Kadipaten Wirasaba kuwe pancen panggonan
sing subur lan makmur, dadi rakyate pada sugih-sugih. Apa bae sing ditandur
pada tukul, hawane adem dadi keton tambah ayem rakyate. Rakyate pada sregep
nyambut gawe, kuwe kaya sifate adipatine sing sregep, jujur, lan adil. Mulane
disenengi nang rakyate karo ratu sing nang mataram.
Adipati Wirasaba duwe ingon-ingon kewan wujude
jaran sing wernane dawuk.
(nang ngapa koh ndadak ngingu jaran?).
Jaran jaman gemiyen pancen penting
banget terutama ngger arep lunga-lunga. Kadipaten Wirasaba tesih melu wilayahe
keraton mataram. Sawijining dina Adipati Wirasaba di undang kon maring mataram kanggo ngadep retune.

(giyeh..mbok kedawan critane, Adipati
Wis ngadep terus bali).
Guli
mangkat karo bali ya numpak jaran. Basa bali kan adoh tekan mataram maring Wirasaba
mulane deweke leren ndisit nang nggone
batire nang Kadipaten Merden. Agi leren karo madang Ujug-ujug teka kongkonan
kang mataram terus mateni Adipati Wirasaba.
(nah…adipati Wirasaba mati)
Tapi
sedurunge mati adipati wirasaba awet pengemut-emut maring rakyate.
“heh…wong
Wirasaba/Banyumas kabeh, kowe ja ngingu jaran sing wernane dawuk. Nek kowe
nglanggar (ngingu jaran dawuk) kowe arep cilaka kaya aku.
Nah… critane wis rampung, mbok ana
salaeh aku ya njaluk ngapura.
*MATUR
NUWUN*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar